TROL, Abasa Jawa – Arak-arakan tradhisi Bersih Nagari iki minangka bagian saka pengetan HUT Kabupaten Tulungagung kaping 821, sing dianakake Pemerintah Kabupaten Tulungagung ing Pendapa Kongas Arum Kusumaning Bangsa, Rebo (18/11).
Ing pahargyan kasebut, Plt Bupati Tulungagung Ahmad Baharudin ngajak kabeh lapisan masyarakat supaya nguatake persatuan lan semangat gotong royong kanggo nuwuhake kemajuan dhaerah.
Pengetan tahun ini mengusung tema “Gumregah, Nyawiji lan Ngabekti Tumuju Tulungagung Loh Jinawi,” sing artine bangkit, manunggal lan bekti marang Tulungagung sing makmur lan subur.
Upacara adat Bersih Nagari dipunwiwiti kanthi waosan sejarah madeging Kabupaten Tulungagung, minangka pangéling-éling tumrap lampah panjang tlatah punika, wiwit saking jaman para leluhur ngantos dumugi kawontenan pembangunan ing wekdal sapunika.
Salajengipun, inggih punika srag- srahan Pataka (panji/lambang) Kabupaten Tulungagung ingkang dipunaturaken dening Ketua Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) Tulungagung, Marsono, dhumateng Penjabat (Pj.) Bupati Tulungagung, Ahmad Baharudin.
Prosesi punika nggadhahi makna simbolis, ingkang nggambaraken kalajengan kepemimpinan, pakurmatan dhumateng jati dhiri tlatah, sarta tanggung jawab sesarengan kangge njagi Tulungagung lan nuntunipun tumuju masa depan ingkang langkung sae.
Rangkaian adicara dipunlajengaken kanthi donga sesarengan, wilujengan, saha pemotongan tumpeng, ingkang lajeng dipunaturaken dening Plt Bupati dhumateng Ketua DPRD Tulungagung. Swasana ingkang kabangun krasa khidmat lan kebak raos kekeluargaan, minangka wujud raos syukur awit lampah sejarah, kawontenan ingkang wilujeng, saha maneka prestasi pembangunan ingkang sampun dipun gayuh dening Kabupaten Tulungagung.
Ing sambutanipun, Ahmad Baharudin ngaturaken raos panuwun dhumateng panitia penyelenggara saha sedaya masyarakat ingkang sampun tumut nyuksesaken pahargyan ambal warsa punika. Piyambakipun negesaken bilih ambal warsa Tulungagung punika sanès namung upacara taunan kemawon, nanging minangka momen kangge ngemut-emut malih sejarah perjuangan para leluhur, sarta kangge ngiyataken komitmen anggenipun ngembangaken wilayah punika.
Miturut Baharudin, sejarah madegipun Tulungagung gadhah gayutan raket kaliyan perjuanganipun para pejuang Lawadan, ingkang cathetan sejarahipun kapacak wonten ing Prasasti Lawadan, wonten warsa 18 November 1205 Masehi.
Semangat perjuangan punika, piyambakipun nambahaken, paring piwulang bilih kasuksesan mboten saged kagayuh tanpa wontenipun usaha lan pangorbanan satunggaling konsèp ingkang selaras kaliyan filosofi Jawi, “Jer basuki mawa beya”.
Piyambakipun ugi ngemutaken bilih persatuan, semangat gotong royong, lan dedikasi kangge ngabdi kedah dados kekuwatan sesarengan anggenipun ngadhepi maneka warni tantangan pembangunan.
“Sumangga kita tetep mantep ing tekad, bahu-membahu lan saling paring panyengkuyung, kanthi nyingkiraken raos curiga, saling nyacat, saha upaya kangge saling nglemahaken. Mugi Gusti paring berkah, kita badhe tetep manunggal, kiyat, lan tangguh demi karaharjanipun masyarakat Tulungagung,” pratelanipun Baharudin.
Saliyane ngajak masyarakat supaya njaga kerukunan, Baharudin ugi nyoroti sekawan bab utami ingkang dados fokus kangge pembangunan Kabupaten Tulungagung ing mangsa ngajeng.
Kaping pisan, mujudaken pembangunan ingkang inklusif kanthi mesthekaken pambangunan infrastruktur ingkang rata lan jumbuh kaliyan kabetahan masyarakat, sarta njamin bilih saben laré pikantuk akses dhateng pendidikan ingkang layak.
Kaping kalih, ngiyataken sektor kesehatan lan ekonomi masyarakat. Pemerintah daerah kedah ningkataken akses sarta kualitas layanan kesehatan, sinambi nyengkuyung tuwuhipun UMKM (Usaha Mikro, Kecil, lan Menengah) saha sektor pertanian ingkang kekalihipun gadhah peran kangge ningkataken penghasilan lan nyiptakaken lapangan kerja.
Kaping tiga, ningkataken inovasi ing layanan publik lumantar kreativitas lan modernisasi tata kelola, supados layanan ingkang dipun paringaken dhateng masyarakat dados langkung efektif lan gadhah kualitas ingkang langkung sae.
Kaping sekawan, netepaken nilai-nilai iman, takwa, lan budi pekerti luhur (akhlaqul karimah) minangka dhasar moral kangge saben kabijakan saha pelaksanaan inisiatif pembangunan.
Ing pungkasaning atur, Baharudin ugi ngemutaken masyarakat supados tansah njagi kerukunan saha nerapaken nilai-nilai luhur ingkang kakandhut wonten ing sesanti: “Jaya-jaya wijayanti nir ing sambekala, ati lathi pakarti nyawiji”.
Sesanti punika ngemot piwulang bilih saben tiyang kedah ngupaya nyelarasaken manah, pangandikan, lan tumindakipun tumuju dhateng kasaenan. Nilai-nilai punika dipunajeng-ajeng dados pedoman kangge njagi kerukunan sarta mbangun masyarakat ingkang manunggal lan kiyat ing Tulungagung.
Liwat pengetan ambal warsa kaping 821 punika, Pemerintah Kabupaten Tulungagung ngajeng-ajeng bilih semangat perjuangan ingkang dipuntunjukaken dening para leluhur saged terus dipunwarisaken lan dipunwujudaken lumantar tumindak nyata, persatuan, sarta pengabdian saking sedaya lapisan masyarakat—ingkang pungkasanipun badhe mbeta Tulungagung tumuju masa depan ingkang langkung maju, makmur, lan gemah ripah loh jinawi. (Lukman)











