TROL, Abasa Jawa – Basa Jawa minangka salah sawijining warisan budaya Nusantara sing duwe nilai luhur. Nanging ing era modern iki, akeh generasi mudha sing kurang nggunakake basa Jawa ing saben dinane, luwih seneng nganggo basa Indonesia utawa basa manca.
Sinau basa Jawa ora mung sinau babagan tata krama utawa unggah-ungguh (Ngoko lan Krama), nanging uga ngerti filosofi urip sing jero. Kanthi nguri-uri basa Jawa, cah enom bisa njaga identitas budayane supaya ora cures kegilas majuning jaman.
Mulai saiki, ayo padha sinau lan nggunakake basa Jawa ing lingkungan kulawarga utawa sekolah, supaya kabudayan Jawa tetep lestari sepanjang masa.
Kabeh maeng katindakake supaya basa Jawa kan dadi warisan para leluhuring kita tetep lestari. Kajaba iku supaya kita kang dadi generasining bangsa bisa nyinaoni bab unggah ungguhing basa, tata krama kang bisa dari paugeran lan rambu marang tumindaking kita kabeh supaya bisa urip tentrem marang sakpodo podo. (*)
*Dening: Lukmandaka
Saka akeh sumber











