Unik  

Ruwatan

foto: lukmandaka

TROL, Abasa Jawa – Tradisi Ruwat utawi Ruwatan sampun nyawiji wonten budaya lan kepercayaanipun masyarakat Jawa. Tradisi menika biadanipun kalaksanaaken wonten Wulan Muharam utawi Suro. Mboten namung ritual mawon, nanging Ruwatan anggadhahi artos kang lebet sanget Babagan prilaku diri pribadi. Lajeng…Napa sejatine Ruwatan lan sinten ingkang patut hanglampahi Ruwatan menika?

Mangga kita simak sareng-sareng menapa kang dipunartosi Ruwatan miturut penulis.

Pangertosaan Ruwatan

Kacuplik saking kathah sumber, bilih Ruwatan menika upacara saking oapercayaan Jawa ingkang dipunginakakeb damel ngkuwari tiyang saking bebendhu kang saget ndamel tiyang cilaka pan cidra. Miturut tembung Jawa, Ruwatan nggadhahi artos dirilis utawi dibebasake.

Wiwitane Ruwatan

Wiwitane anane Ruwatan iku saka Carita pewayangan oang nyritakake tokoh kang aran Bathara Guru kang misuwur duweni garwa loro yaiku: garwa Prameswari (Pademi) lan garwa selir.

Saka garwa Prameswari duweni putra kang aran Wisnu, saka garwa selir nglairake kang aran Batharakala.

Sakwise dewasa, Batharakala njelma dadi tokoh kang jahat kang kerep milara anakmanungsa, luweh – luweh gelem mangsa anak manungsa. Rikala semana, sifat jahat Batharakala disebabake kerana hawa nafsu ramane, Bathara Guru kang ora bisa dikendhaleni

Ana sawijining Dina, Bathara Guru twin garwa selir ngarungi samudra sarana manjing ana gheghere lembu, saknalika iku nafsu Bathara Guru munjuk pan kepingin marang garwa selir, nanging garwa selir ora gelem ngladosi menapa ingkang dados kersane Bathara Guru lan tes putih saking Bathara Guru dhawah ana ing samudra lajeng tes putih kalawau njelma dados raseksa kang aran Batharakala.

Rikala semana Batharakala nyuwun panganan arupi manungsa marang Bathara Guru, hanangin Bathara Guru nyarujuki kanthi syarat manungsa kang di pangan iku wong kang sukerta, kados tuladhanipun yoga tunggal utawi ontang anting, pramila lare ontang anting kedah dipun Ruwat supados luwar saking beka sengkala.

Syarat Ruwatan

Wonten kegiatan Ruwatan punika wonten syarat ingkang kedah kajangkepaken, inggih menika “SAJEN”. Sajen punika dhedhaharan ugi arupi punapa mawon, kados sekar setaman sarana patemon kalian ghoibe Hyang Maha Suci

Ing mriki, tradisi Ruwatan wonten maneka warna Sajen kang kabetahaken wekdal upacara Ruwatan. Sajen kalawau mboten namung sewates dhateng dhedhaharan ananging ugi kalebet: sekar, wulumetune bumi, kain lan sakpanunggalane ingkang mboten kaetang cacahe.

Saksampunipun sajen sampun cumawis, maneka warga sarana Ruwatan : wonten ingkang damel pagelaran wayang, wonten ingkang sarana dedonga miturut kapercayaanipun piambak – piambak. Wonten ing Ruwatan wayang biasanipun kakon ingkang dipunlampahaken manika lakon khusus ingkang dipun wastani Murwakala ugi kacawisaken sesaji kaujokaken dhateng Batharakala.

Tegese Ruwatan

Tegese Ruwatan Jawi inggih menika nyenyuwun kanthi sanget supados tiyang ingkang dipunruwat kalawau saget luwar saking beka sengkala lan tansah manggihi karahayon nir ing sambikala. Pramila adicara ruwatan katindakaken damel nglindhungi manungsa saking maneka warna bebaya kang ana ing donya.

Dumugi sakmangke, tradisi Ruwatan taksih dipunpercados kalian sakperangan masyarakat karanten ingkang gegayutan kaliyan kaslametanipun para putra saha kulawarganipun. Kajawi punika, masyarakat ugi gadhah kekarepan kangge njagi saha nglestantunaken warisan tradhisional ingkang sampun dipunwarisaken kanthi turun-temurun dening para leluhuripun.

Sinten Ingkang Perlu Nindakake Ruwatan

Mboten saben tiyang kedah nindakaken Ruwatan. Lumrahe, tradhisi punika katindakaken kagem tiyang-tiyang ingkang dianggep nggadhahi “kelemahan” utawa “ciri khas” tartamtu. Miturut maneka sumber, ing ngandhap punika tiyang-tiyang kang mbetahaken ritual kasebut:

1. Ontang-anting: anak tunggal lanang

2. Unting-unting: anak tunggal wadon

3. Uger-uger lawang: anak loro, lanang kabeh

4. Kembang sepasang: anak loro, wadon kabeh

5. Gedhana-gedhini: anak loro, lanang lan wadon

6. Gedhini-gedhana: anak loro, wadon lan lanang (sing mbarep wadon)

7. Pendhawa: anak lima, lanang kabeh

8. Pendhawa ngayomi: anak lima, wadon kabeh

9. Pendhawa madhangake: anak lima, papat ing antarane lanang

10. Pendhawa apit-apit: anak lima, papat ing antarane wadon

11. Ontang-anting lumunting tunggaking aren: anak tunggal sing kulite kuning langsat lan ana tandha titik putih ing antarane alis

Kajawi menika, wonten sawatawis kahanan lintu ingkang kedah dipun upadi, kadosta : tiyang ingkang asreng sakit, tiyang ingkang nandang nasib ala, utawi tiyang ingkang miwiti pedamelan enggal. (*)

 

Dening: Lukmandaka
Saking kathah sumber

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *