Unik  

Silsilah Anak Lan Leluhur Ana Ing Budaya Jawa

TROL, Abasa Jawa – Budaya Jawa, Basa Jawa yaiku salah sijine basa daerah ing Indonesia sing nduweni kaendahan lan kaluhuran sing khas. Kaendahan basa Jawa katon cetha ing carane ngucapake sing alus, wirama utawa intonasi sing kaya nembang, sarta sugih karo tembung kawi lan peribahasa sing jero maknane.

Kaendahan basa Jawa manggon ana irama pangucap kang lembut, kebak makna filosofis lan nduweni aturan tingkatan tutur (unggah-ungguh) kang nunjukake kasopanan.

Basa Jawa, samubarang kui ana makna lan jejuluke. Kaya ngana, ana penulisan kang pungkur ngamangake babagan jejuluk anak manungsa kang saka cacahe. Ana kasempatan Iki penulis kepengen ngungkap apa jejuluke anak lan leluhur nitik saka urutane Utawa kang luweh gamblang kita aranake “SILSILAH”.

Masyarakat Jawa ngenal kang aran silsilah keluarga kang kasebut sarana urutane turunan. Urutan turunan atau silsilah keluarga ing Basa Jawa digunakake kangga njlentrehake silsilah kang kawiwitan saka wong tuane keloron, yaitu bapak /bapa lan ibu / biyung.

Urutan silsilah keturunan ana budaya Jawa kaperangi dadi loro, yaitu turunan mudhun (anak sak piturute) lan keturunan munggah (bapak – ibu lan sak piturute).

Ing ngisor Iki urutan silsilah keluarga turunan mudhun

1. Keturunan kapisan arane Anak

2. Keturunan kapindho arane Putu

3. Keturunan katelu arane Buyut

4. Keturunan kapapat arane Canggah

5. Keturunan kalima arane Wareng

6. Keturunan kaenem arane Udheg – Udheg

7. Keturunan kapitu arane Gantung Siwur:

8. Keturunan kawolu arane Senthe

9. Keturunan kasanga arane Debog Bosok

10. Keturunan kaping sedasa arane Galih Asem

11. Keturunan kaping sewelas arane Gropak Waton

12. Keturunan kaping rolas arane Cendheng

13. Keturunan kaping telulas arane Giyeng

14. Keturunan kaping patbelas arane Cumpleng

15. Keturunan kaping limolas arane Ampleng

16. Keturunan kaping nembelas arane Menyaman

17. Keturunan kaping pitulas arane Menya-menya

18. Keturunan kaping 18 arane Tumereh

Lan sak piturute…

Lamun to keturunan utawa silsilah kang mendhuwur :

1. Leluhur kapisan Bapak – Ibu / bapa – biyung

2. Leluhur kaloro arane Simbah / Eyang (Kakek / Nenek)

3. Leluhur katelu arane Buyut

4. Leluhur kapapat arane Canggah

5. Leluhur kalima arane Wareng

6. Leluhur kaenem arane Udheg-udheg

7. Leluhur kapitu arane Gantung siwur

8. Leluhur kawolu arane Gropak senthe (Mbah Gropak Senthe)

9. Leluhur kasongo arane Debog bosok

10. Leluhur kaping sepuluh arane Galih asem

11. Leluhur kaping sewelas arane Gropak waton

12. Leluhur kaping rolas arane Cendheng

13. Leluhur kaping telulas arane Giyeng

14. Leluhur kaping patbelas arane Cumpleng

15. Leluhur kaping limolas arane Ampleng

16. Leluhur kaping nembelas arane Menyaman

17. Leluhur kaping pitulas arane Menya-menya

18. Leluhur kaping wolulas arane Trah tumerah

Kabeh ngono kenapa digawe jejuluk keturunan lan leluhur, miturut filosofi budaya Jawa ora liya supaya unggah ungguhing Utawa tata kramane wong Jawa iku tetep kalastarekake.

 

Dening : Lukmandaka
Saka akeh sumber

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *