Budaya  

Tembung Paribasan Jawa

TROL, Abasa Jawa – Sakwise ana artikel sakdurunge, penulis gagas Babagan Adat istiadat, sakmangke penulis gagas Babagan “Paribasan”. Paribasan iku miturut penulis yaiku: tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan. Ana ing pratélan iki paribasan lan saloka digabung dadi siji amrih luwih prasaja lan tumata.

Apa sebab Wong Jawa nganggo paribasan? Miturut penulis, amarga kabudayan Jawa banget ngugemi pedhoman kaselarasan sosial, tata krama, lan kawicaksanan urip. Paribasan ora mung reroncen tembung, nanging mujudake kaca benggala (cerminan) carane wong Jawa mikir lan tumindak.

Ing ngisor iki sawetara alasan kena apa wong Jawa seneng nggunakake paribasan:

● Njaga Rukun lan Tepa Selira:

Wong Jawa nyingkiri pasulayan utawa omongan sing langsung lan kasar (frontalis). Paribasan digunakake kanggo nyemoni, ngelingake, utawa menehi pitutur tanpa gawe lara atine wong liya.

● Minangka pitutur luhur:

Paribasan ngemot piwulang urip, moral, lan etika sing wis diwarisake turun-temurun saka para leluhur.

● Ngugemi prinsip eman lan eling:

Kanggo ngelingake manungsa supaya tansah waspada marang tumindake, amarga saben tumindak bakal ana akibate.

● Kaendahan Basa:

Wong Jawa seneng karo kaendahan basa kang nduweni teges jero, saengga omongan katon luwih anggun, sopan lan nduweni bobot sastra.

Sawetara tuladhane paribasan Jawa ugi tegese:

1. “Mikul dhuwur mendhem jero”.
Yaiku, anak kang njunjung dhuwur marang derajat wong tuane

2. “Becik ketitik, ala ketara”.
Yaiku, lelakon apik bakale tansah tunitik apik, Ning yen lelakon ala bakale konangan ala.

3. “Dhemit ora ndulit, setan ora doyan”.
Yaiku, arupi dongak supaya tansah pinaringan kawilujengan tinebihna saja barang kang ala, tinebihna marang rubeda.

4. “Adigang, adigung, adiguna”.
Yaiku, gumantungake marang kakuwatane, panguasane lan kepinterane marang liyan.

5. “Sepi ing pamrih, rame ing gawe”.
Yaiku, Ngakoni penggawean kang tanpa pamrih.

6. “Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah”.
Yaiku, gesang guyub rukun bisa gawe Mulya, kosokbalene yen, ora rukun bakale Bubrah.

7. “Kakehan gludug kurang udan”.
Yaiku, wong kang kakean umuk tanpa ana kasunyatane.

8. “Desa mawa cara, negara mawa tata”.
Yaiku, angger panggenan nduweni cara lan adat dhewe-dhewe miturut panggonane/ daerahe

9. “Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan”.
Yaiku, sinaasa dudu sedulur nanging rumangsa kaya sedulure dhewe, yen kena cilaka melu ngrasakna.

10. “Ngajari bebek nglangi”.
Yaiku, penggaweyan kang ora migunani.

11. “Gupak pulute ora mangan nangkane”.
Yaiku, melu merjuangake nanging ora melu ngrasakake asile.

12. “Nabok nyilih tangan”.
Yaiku, ngubaratake wong kang ora tatag ngadepi liyane, nanging malah golek pitulungane liyan.

Kajaba kang kasebatake dening penulis, iseh akeh paribasan Jawa kang isine babagan pitutur gesang kang maksude kanggo tuntunan marang manungsa gesang ing ngalam donya. Nglestarekake paribasan Jawa iku penting banget supaya salah siji kasugihan budaya lan wicaksana (kearifan lokal) wong Jawa ora ilang dipangan jaman. Ing jaman modern iki, tantangan paling gedhe yaiku ngenalake paribasan marang generasi enom kanthi cara sing luwih narik kawaten. (*)

 

Dening: Lukmandaka
Saka akeh sumber

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *