Jejuluk Aran Cacahe Anak Manungsa

poto: lukmandaka

TROL, Abasa Jawa – Kabiasaan ing Jawa iku kebak marang kaendahan. Salah sijine ana ing bahasa Jawa iku dikenal paling akeh sebutan utawa jeneng utawa aran- aran utawa jejuluk. Aran-aran maeng bisa kanggo apa wae. Bisa kanggo mahkluk kang gedang utawa benda mati. Kena kanggo tuladha yaiku : julukan utawa tetenger utawa jenenge kanggo manungsa, kewan sak anake kewan, tanduran, arane godhong tanduran, kembange tanduran, wohing tanduran.

Ana kene bakal ngrembug babagan arane anak menungsa kang luwih utama nuju marang sebutane cacahe anak Utawa keturunan manungsa, kaya ngana kang luweh kerep kita rungokake, Pandhawa. Pandhawa iku arane kanggo anak lanang 5 cacahe. Nanging iseh akeh jejuluk utawa aran – aran mau kajaba Pandhawa.

Ing ngisor ini sakbagean cilik kang bisa kita mangerteni, yaiku :

1. Anak siji lanang, kasebut ontang-anting.

2. Anak siji wadon, kasebut unting-unting.

3. Anak loro lanang kabeh, kasebut uger-uger lawang.

4. Anak loro wadon kabeh, kasebut kembang sepasang.

5. Anak loro lanang wadon, kasebut kedana-kedini.

6. Anak loro wadon lanang, kasebut kedini-kedana.

7. Anak loro lair bareng, kasebut kembar.

8. Anak kembar laire gang sedina, kasebut kembar gantung.

9. Anak loro lanang wadon laire bareng, kasebut dhampit.

10. Anak telu lanang kabeh, kasebut cukit dulit.

11. Anak tiga perempuan semua (anak telu wadon kabeh) disebut gotong mayit.

12. Anak telu lanang-wadon-lanang, kasebut sendhang kaapit pancuran.

13. Anak telu wadon-lanang-wadon, kasebut pancuran kaapit sendhang.

14. Anak papat lanang kabeh, kasebut saramba.

15. Anak papat wadon kabeh, kasebut sarimpi.

16. Anak papat lanang wadon, kasebut keblat papat.

17. Anak lima lanang kabeh, kasebut pandhawa.

18. Anak lima wadon kabeh, kasebut pancagati.

19. Anak lima lanang wadon, kasebut sepasar.

20. Anak lima lanang siji, kasebut ipil-ipil utawa ipilan.

21. Anak lima wadon siji, kasebut padangan.

22. Anak akeh giliran lanang wadon, kasebut gilir kacang.

23. Anak akeh ora giliran lanang wadon, kasebut lumpat kidang.

24. Anak wadon akeh seng tengah anak lanang, kasebut gendhong.

25. Anak lanang akeh seng tengah anak wadon, kaebut pathok.

26. Anak akeh, lanang kang pungkasaning anak wadon, kaebut grandhel.

27. Anak akeh kang cacahe anak lanang luweh akeh tinimbang anak wadon, kasebut sumarak.

28. Anak akeh nanging kang Urip mung siji, kasebut anggana.

 

Dening : Lukmandaka
Sumber : kompas.com

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *