Budaya  

Yuswa ka-81 Kamardikaning Indonesia

poto: lukmandaka

TROL, Abasa Jawa – Watawis jangkep ka-81 yuswa Kamardikaning nagari kita, nagari Indonesia. Wolongdasa setunggal sanes angka kang cilik. Ana ngendi – ngendi panggonan saindengin Nusantara pada nganakake upacara.
Hanangin, sejatine ora mung sewates upacara mangkono.

Sejatine Kamardikan iku duweni maksud kang luhur nuju nagari kang bardaulat, adil makmur saha bisa nglairake kamulyaning marang rakyat Indonesia bisa kedadean kang nyata.

Sabtadasa Agustus taun sakapurna, Ir. Soekarno dalasan Mohammad Hatta soho pemuda Indonesia sampun ngumandhangaken proklamasi kang dados tetenger bilih Indonesia sampun luwar saking kolonialisme.

Kamardikan Indonesia minangka asil saka perjuangan kabeh wong saka macem-macem etnis, agama, budaya, lan basa. Kanthi semangat persatuan, para pahlawan mbuktekake yen beda dudu alangan, nanging luwih dadi kakuwatan kanggo nggayuh tujuan sing padha.

Semboyan “Bhinneka Tunggal Ika” mulangake yen sanajan kita beda, kita tetep dadi siji minangka bangsa Indonesia. Nilai iki dadi pondasi kanggo saling ngajeni, ngapresiasi keragaman, lan kerjasama kanggo kemajuan bangsa.

Ing jaman saiki, ngrayakake kamardikan ora mung ditindakake kanthi ngeling-eling jasa-jasanipun para pahlawan, nanging uga kanthi njaga persatuan, njunjung tinggi toleransi, lan nyumbang liwat pendidikan, kerja keras, lan peduli marang liyan.

Kanthi semangat Bhinneka Tunggal Ika (Bersatu dalam Keragaman), kita saged tansah nguataken paseduluran lan mbangun Indonesia ingkang langkung maju, adil lan makmur.

Sugeng Republik Indonesia! Mangga !!! tansah njagi persatuan wonten keragaman, amargi sanajan kita beda, kita tetep satunggal, Bhinneka Tunggal Ika!!!…Rahayu tansah pinanggih, Widodo nir ing sambikala, tinebihna sakkathahing bilahi. Mugi Gusti tansah paring pangayoman paring lancaring rejeki. Mugi sedaya gegayuhan pikantuk berkah, katentreman saha kabegjan. (*)

 

*Dening : Lukmandaka

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *