TROL, Abasa Jawa – Ing penanggalan Jawa, arane dina iku ora mung siji. Nanging ana penanggalan Jawa ana rong siklus wektu utama yaiku dina “Saptawara” kang cacahe ana 7 lan pasaran “Pancawara” kang cacahe ana 5. Saben dino lan pasaran nduweni jeneng liya (dasa nama) sarta aji angka utawa neptu sing beda-beda.
Arane Dina (Saptawara – Cacahe 7)
Siklus dino iki padha karo dina ing kalender umum, yaiku pitung dina sajrone seminggu, yaiku :
1. Arane dina: Ngahad utawa Minggu, Dasa Namane: Radite / Dite, Neptune: 5
2. Arane Dina: Senen, Dasa namane: Soma, nilai Neptune : 4
3. Arane Dina Selasa, dasa namane : Anggara, nilai Neptune : 3
4. Arane Dina: Rebo, rasa namane: Buda, nilai Neptune :7
5. Arane Dina: Kemis, dada namane: Respati, nilai Neptune 8
6. Arane Dina: Jemuwah utawa Jumat, desa namane : Sukra, nilai Neptune : 6
7. Arane Dina: Setu , dasa namane: Tumpak, nilIai neptune: 9
Kang keloro kena diarani Pasaran (Pancawara – Cacahe 5)
Banjur Iki kang aran pasaran ing piwulangan Jawa :
1. Arane pasaran Legi, dasa namane: Manis , nilai Neptune: 5
2. Arane pasaran Pahing, dasa namane: Jenar, nilai neptune: 9
3. Arane pasaran Pon, dasa namane: Palguna, nilai neptune: 7
4. Arane pasaran Wage, dasa namane: Cemengan, nilai neptune: 4
5. Arane pasaran Kliwon, dasa namane: Kasih, nilai neptune: 8
Ana ing adat Jawa biasane wong kang arep kagungan kersa utawa arep ewoh ora mung asal nentokake dina. Ing kene mesthi goleki dina kang becik. Kang dadi panutan Utawa angger-engger goleki dina kang becik mau, nganggo itungan kang gabungake dina lan pasaran, banjur dietung miturut tata cara tartamu sehingga bisa nuwuhake dina kang dirasa paling apik kanggo wong tartamtu maeng. Kajaba kui pasaran minangka siklus limang dina ing budaya Jawa kang digabungake karo dina bisa uga kanggo ngitung weton.
• Gabungan Siklus (Selapan): nalika siklus 7 dina lan 5 pasaran digabungake, bakal ketemu kombinasi sing padha saben 35 dina pisan (7 x 5 = 35), kang diarani selapan.
• Kagunaan Neptu: Nilai neptu ing ndhuwur biasa dienggo dening masyarakat Jawa kanggo ngitung weton kelairan, golek dino apik (kayata mantenan utawa pindhah omah), lan maca watak.
Ing ndhuwur iku salah sijine tuladha yen paugeran Jawa iku nduweni pirang-pirang warna, ana kang nyebutake yen kebiasaan Jawa iku mawa kaendahan. Yen diugemi tenan – tenan panutan Jawa iku kabeh wis ana tata carane dhewe-dhewe lan wis ana rumuse dhewe, ora mung sokor nentokake samubarang. Karana kabeh maeng mawa kabiasaan lan pengalaman. Dadi, nenek moyang Jawa iku kabeh kersa nentokake sembarang, gawe panutan amerga uga niteni lan pengalaman kang dadi paugerane. Mula wong Jawa kang pingin tetep rahayu wilujeng mesthi gawe itungan kang ditentokake dening wong sepuh. (*)
dening: Lukmandaka
Saka akeh sumber











